Minggu, 17 Februari 2013

TRADHISI NYUMBANG


Tumrap masarakat Jawa, sasi Mulud klebu salah sijine sasi kang apik kanggo duwe gawe, ing antarane mantu. Yen istilahe saiki sing ngetren yaiku resepsi. Mula ora aneh ing sasi Mulud iki, akeh warga masarakat Jawa sing padha duwe gawe mantu, ningkahake putra-putrine sing wis diwasa kepengin rabi. Pancen ana sing isih ngugemi adat, tegese tradhisi Jawa isih komplit dicakake, ing antarane ana nembung, pasok tukon, siraman, midodareni, ijab kobul, panggih, lan pahargyan. Nanging uga akeh sing wis mung nindakake kanthi sarana ringkes, yaiku nembung, pasok tukon, banjur dibacutake ijab kobul, lan pahargyan. Malah akeh yen mantene wis kacilakan dhisik,LKMD (lamar keri meteng dhisik) tegese meteng dhisik, malah mung ngadani ijab kobul lan resepsi climen utawa mung syukuran. Kabeh mau gumantung karo pribadine dhewe-dhewe lan sing cetha ndhelok kandel tipise dhuwite kanggo mantu. Saya kandel saya komplit lan gedhen.


Kanthi akehe wong duwe gawe mesthi wae akeh ulem kang sumebar ing masarakat. Ora aneh yen ing sasi Mulud ngene iki, bisa wae sakulawarga entuk ulem utawa undhangan luwih saka siji. Malah bisa tekan limang ulem seminggune. Akehe ulem ateges akehe dhuwit sing kudu diwetokake kanggo nyumbang. Pancen tradhisi nyumbang iku wis ana wiwit kuna-makuna simbah buyut biyen. Lan nganti tekan saiki tradhisi nyumbang kasebut isih lumaku. Ora ketang ngalami owah-owahan. Yen jaman biyen, nyumbang iku ora kudu awujud dhuwit, nanging bisa awujud barang kabutuhan polowijo, kayata: beras, klapa, ketan, jagung, kayu, kenthang, gula (pasir lan jawa), teh, pitik, wedhus, lan liya-liyane. Gumantung saduwene warga sing padha nyumbang. Nanging kanthi owahing jaman, nalika kabeh wis diaji nganggo dhuwit, mula jaman saiki nyumbang diganti nganggo dhuwit. Dadi luwih ringkes.

Nalika kabeh wis dikerta aji nganggo dhuwit, samubarang diregani nganggo dhuwit. Ditambah maneh budaya kapitalis lan indhividhiualis sing wis mratah ngrasuki budaya Jawa, dhuwit wis ora bisa uwal saka masarakat. Ing babagan duwe gawe wae, saiki wis akeh sing mung dipasrahake wong liya kanthi modhel dol-tinuku. Panganan wis nganggo katering, semono uga sing laden, sewan bala pecah, meja kursi, dhekor, tarub, busana, papan pahargyan, panatacara (MC), lan liya-liyane. Mula saiki yen dhuwite kandel bisa aba apa wae lan luwih pepak. Tradhisi rewang lan ngrewangi wong duwe gawe wis tansaya suda, mung kari winates ila-ila, mung kanggo pantes-pantes wae, kayata jagongan lelungguhan mung ngombyongi thok. Dene bot-repote sing duwe gawe adate wis ora direwes, iku urusane sing duwe gawe. Lan sing cilaka maneh, ana wong duwe gawe kanggo bisnis. Tegese, nalika dheweke duwe gawe, wis dietung njlimet, mengko ngentekake ragad pira, lan entuk sumbangan pira. Malah sok-sok ing ulem wis digambari gambar celengan, kang ateges kudu nyumbang awujud dhuwit. Yen bisa ragade bali lan entuk bathi.

 Yen wis kaya ngono iku bebrayan ing masarakat tansaya tambah cilaka.
Kamangka simbah-simbah leluhur biyen, nyontoni lan nindakake tradhisi nyumbang iku mung kanggo urip bebrayan supaya bisa ngentheng-enthengake bot-repote sing duwe gawe. Nyumbang ing jaman biyen iku racake padha eklas lan lila legawa amarga pancen kanggo ngentheng-enthengake sing padha duwe gawe. Kaya kang katon saka tembung mantu dhewe, yaiku sing dieman-eman metu, ya anak, ya ragad, ya tenaga, ya penggalihan. Mula mantu jaman biyen iku eklas ngetokake sing diduweni tanpa nduweni kekarepan bisa bali modhal lan adoh saka kekarepan dol-tinuku, bathi lan tuna. Beda karo jaman saiki, akeh wong nyumbang kanthi jor-joran, yen perlu utang barang. Ing pangangkah besuk entuk balen saka sing disumbang. Dadi racake wong nyumbang saiki merga njagakake balen ing tembe burine. Yen ora duwe direwangi ngutang amarga njaga gengsi. Kudune nyumbang iku dhasari pira sing diduweni lan saeklase. Iku kang njalari wong saiki akeh utang, salah sijine ya mung kanggo nyumbang supaya besuke entuk balen.

Mulane jaman saiki akeh wong podho mumet yen mari duwe gawe,mergo golek bondho kanggo balekno sumbangan,nek ora ngono yo wedi isin nek dadi omongan, aku yo mikir kiro-kiro iso ora yo tradisi nyumbang iku diilangi ??? tegese yo tetep rewang yo nyumbang tapi ra ngutangno.

0 komentar:

Posting Komentar